
Teks Anekdot UH MIPA
Quiz
•
Education
•
11th Grade
•
Hard
aisa effendi
Used 2+ times
FREE Resource
20 questions
Show all answers
1.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Mobil Murah
Sapa wonge sing pengin duwe urusan karo jaksa? Yen ora kepengin duwe urusan karo jaksa, mula aja nglangar hukum. Luwak mangan tales, lagi apes. Kaya ngono nasibe Kangsa, mantan bupati kang kudu urusan karo jaksa, jalaran kasus korupsi.
Dina Minggu, sedina sadurunge kasuse disidhangake ing pengadilan, Kangsa sowan ing ndaleme jaksa kang arep nangani prakarane. Kanthi ageman necis, rambut disisir mlipit Kangsa nothok lawang, ”Thok...thok...thok, kula nuwun”. ”Mangga, tengga sekedhap nggih”, keprungu wangsulan saka njero ngomah. Kangsa atine dheg-dhegan. Karo nunggu dibukakake lawang, ukara-ukara kang wis disusun ing omah ditata maneh. Tangane ngapurancang, awake kang gagah prakosa dina iku kepeksa dibungkukake.
”Nuwun sewu, sugeng enjing,” Kangsa uluk salam.”Ooo...inggih, Pak Kangsa...mangga lenggah, wonten kersa menapa,” Pak Jaksa mbagekake tamune.”Saderengipun kula matur, kula nyadhong duka mbok menawi kula klentu ing atur,” Kangsa miwiti rembug kanthi alus.
Pak Jaksa wis kulina ngadhepi wong kang kena masalah, mula panjenengane tetep anteng merbawani, ”Mboten dados menapa, ngendika blaka suta mawon.””Anggen kula sowan menika, kula badhe ngaturaken mobil mewah kagem panjenengan,” ature Kangsa lirih nganti meh ora keprungu swarane.”Pundi mobilipun? Lan pinten reginipun,” Pak Jaksa pitakon kanthi madhep mantep. Rumangsa pancingane meh ngenani sasaran, Kangsa wiwit pracaya dhiri. Karo nudhing mobil sing diparkir ing njaba, Kangsa matur, ”Menika ingkang cemeng! Estunipun regi mobil menika setunggal milyar, nanging menika kula aturaken gratis kagem panjenengan.”
”Boten,....kula mboten purun nampi barang gratisan, awit niku kalebet gratifikasi utawi tindakan korupsi. Ananging, awit kula remen kaliyan mobil menika, kados pundi menawi kula tumbas?” Pak Jaksa ngendika kanthi teges.
”Inggih...mangga kersa, panjenengan pundhut pinten?” Kangsa mangsuli kanthi dheg-dhegan lan kebingungan. ”Kula tumbas Rp 50.000,- menapa angsal?” Pak Jaksa nerusake
ngendikane. ”Ooo...inggih...inggih...mangga!” Kangsa tambah bingung. Karo menehake salembar dhuwit Rp 100.000,- Pak Jaksa ngendika, ”Menika artanipun.” Kangsa nampani dhuwit karo matur, ”Nyuwun duka, kula mboten gadhah wangsulanipun? ”Mboten perlu dipunwangsulaken, panjenengan mbenjing sasampunipun sidhang, cekap maringi kula mobil setunggal malih, nanging kula nyuwun warninipun ingkang abrit!” ”Ooo...inggih...inggih..., kula nyuwun pamit.” Kangsa mlaku ngloyor kaya Baladewa ilang gapite.
Karakteristik wacan kanthi irah-irahan “Mobil Murah” Sing bener. Kajaba…
Guyonane ngandhut pasemon,wewarah, lan utawa
Isine nyritakake lelakone paraga/wong penting.
Guyonane lugu/ wantah.
Mupangate minangka sarana kritik
Mupangate minangka sarana hiburan.
2.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Teks kanthi irah-irahan ”Mobil Murah” kalebu teks apa?
Teks humor
Teks anekdot
Teks cerkak
Teks wayang
Teks drama
3.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Perangan saka teks anekdot kang nuduhake wiwitane crita utawa mula bukane kepiye prastawa kang dumadi, biasane kanthi pengenalan paraga, wayah, lan panggonan diarani...
Abstraksi
Krisis
Orientasi
Koda
Respon
4.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Perangan saka teks anekdot kang nuduhake prakara utawa klimaks saka crita diarani...
Krisis
Koda
Respon
Abstraksi
Orientasi
5.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Urutane struktur teks ing teks anekdot sing bener yaiku...
Orientasi-abstraksi-krisis-respon-koda
Abstraksi-orientasi-respon-krisis-koda
Abstraksi-orientasi-krisis-respon-koda
Krisis-orientasi-abstraksi-respon-koda
Orientasi-respon-abstraksi-krisis-koda
6.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Struktur teks anekdot kang nuduhake perangan kepriye ngrampungake prakara kang dumadi ing crita diarani...
Orientasi
Abstraksi
Respon
Koda
Krisis
7.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Ing ngisor iki sing ora kalebu ciri-cirine teks anekdot yaiku...
Pasemon adhedhasar kedadeyan saben dina
Crita cerkak, ringkes lan lucu
Nduweni kesan panglipur
Nduweni tembung panggandheng
Ngandhut pesen tartamtu
Create a free account and access millions of resources
Create resources
Host any resource
Get auto-graded reports

Continue with Google

Continue with Email

Continue with Classlink

Continue with Clever
or continue with

Microsoft
%20(1).png)
Apple

Others
By signing up, you agree to our Terms of Service & Privacy Policy
Already have an account?
Similar Resources on Wayground
20 questions
UH TEKS BIOGRAFI KELAS X
Quiz
•
9th - 12th Grade
15 questions
Gamit ng Wika
Quiz
•
11th Grade
20 questions
Bahasa Indonesia "Menemukan Informasi Penting"
Quiz
•
9th - 11th Grade
20 questions
POSTTEST CERPEN FIX
Quiz
•
9th - 12th Grade
25 questions
EVALUASI B. INDONESIA KELAS 10 (TEKS LAPORAN HASIL OBSERVASI)
Quiz
•
10th - 12th Grade
25 questions
Penilaian Harian 1 Tembang Sinom
Quiz
•
10th Grade - University
17 questions
Mengenal Gamelan
Quiz
•
1st Grade - University
20 questions
Jaringan Dasar TKJ
Quiz
•
10th - 11th Grade
Popular Resources on Wayground
20 questions
Brand Labels
Quiz
•
5th - 12th Grade
10 questions
Ice Breaker Trivia: Food from Around the World
Quiz
•
3rd - 12th Grade
25 questions
Multiplication Facts
Quiz
•
5th Grade
20 questions
ELA Advisory Review
Quiz
•
7th Grade
15 questions
Subtracting Integers
Quiz
•
7th Grade
22 questions
Adding Integers
Quiz
•
6th Grade
10 questions
Multiplication and Division Unknowns
Quiz
•
3rd Grade
10 questions
Exploring Digital Citizenship Essentials
Interactive video
•
6th - 10th Grade