STRUKTUR GEGURITAN

STRUKTUR GEGURITAN

11th Grade

5 Qs

quiz-placeholder

Similar activities

Tembang Gambuh

Tembang Gambuh

11th Grade

10 Qs

Post Test Cerkak

Post Test Cerkak

11th Grade

10 Qs

Mengenal Pandhawa Lima

Mengenal Pandhawa Lima

1st - 12th Grade

10 Qs

Teks Eksposisi Adat Budaya Mantu Kelas XI MIPA/IPS

Teks Eksposisi Adat Budaya Mantu Kelas XI MIPA/IPS

11th Grade

10 Qs

KUIS MULA BUKANE BAYALALI

KUIS MULA BUKANE BAYALALI

7th - 12th Grade

10 Qs

KUIS SESORAH

KUIS SESORAH

11th Grade

10 Qs

ASESMEN AWAL CERITA RAKYAT

ASESMEN AWAL CERITA RAKYAT

7th Grade - University

10 Qs

TEMBANG MACAPAT

TEMBANG MACAPAT

11th Grade

10 Qs

STRUKTUR GEGURITAN

STRUKTUR GEGURITAN

Assessment

Quiz

Other

11th Grade

Hard

Created by

Citra Palupi

Used 1+ times

FREE Resource

5 questions

Show all answers

1.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

30 sec • 20 pts

                                                Esuk Awan Sore

                                    Dening : Itsna Nurul Azizah

Esuk, awan, sore, ra tau neng omah

Lungaku nggo buku segudhang

Ora bisa wegah

Najemake pikir nggolek pepadhang

       Esuk, awan, sore, ra tau neng omah

       Kekurung ana kandhang ilmu

       Ngrasakake bungah susah

       Kanggo nyekel sing dituju

Esuk, awan, sore ra tau neng omah

Pitakonan njlimet sing ben dina dipangan

Kabeh kudu bisa kekambah

Latihan mrantasi alangan panguripan

       Esuk, awan, sore, ra tahu neng omah

       Kabeh kudu genah ra oleh salah

       Rasane pengin balik wae dadi bocah

       Mung ngguya ngguyu ngrungokake critane simbah

 

Apa isi geguritan ing ndhuwur?

a.         Wong kang sregep anggone nyambut gawe kanggo panguripan.

b. Wong sing ora nate muleh menyang omahe.

c. Wong sing kekurung ana kandhang ilmu.

d. Wong kang latihan mrantasi alangan panguripan.

e. Wong kang mung ngguya ngguyu ngrungokake critane simbah.

2.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

30 sec • 1 pt

                                                Esuk Awan Sore

                                    Dening : Itsna Nurul Azizah

Esuk, awan, sore, ra tau neng omah

Lungaku nggo buku segudhang

Ora bisa wegah

Najemake pikir nggolek pepadhang

       Esuk, awan, sore, ra tau neng omah

       Kekurung ana kandhang ilmu

       Ngrasakake bungah susah

       Kanggo nyekel sing dituju

Esuk, awan, sore ra tau neng omah

Pitakonan njlimet sing ben dina dipangan

Kabeh kudu bisa kekambah

Latihan mrantasi alangan panguripan

       Esuk, awan, sore, ra tahu neng omah

       Kabeh kudu genah ra oleh salah

       Rasane pengin balik wae dadi bocah

       Mung ngguya ngguyu ngrungokake critane simbah

“Ngrasakake bungah susah”. Imaji kang katon saka pethikan geguritan ing ndhuwur yaiku ….

Imaji pandeleng

Imaji pangrungu

Imaji pangganda

Imaji pangrasa

Imaji panindak

3.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

30 sec • 1 pt

Rongsokan

 

Lumaksana tanpa tujuwan

Nadyan sungkawa aywa murka

Bisnis ora kenal manungsa sing lemah

Menawa urip wus kasil bakal nandhang kahastaman

 

Dumadi ing tengahing rongsokan

Tan ana manungsa sing kinira

Saklebatan kadya mung golek upa

Kamangka ing kana bisa urip mulya

 

Pranyatan ing ngisor iki kang slaras karo isi geguritan kasebut yaiku …

Nyritakake kahanan kang ora sungkawa

Urip yen wis kasil bakal ngrasakake kabagyan

Manungsa ora bisa ngupaya lan dedonga

Rongsokan kang numpuk-numpuk dadi mambu

Ngrasakake lelara sasuwene wektu

4.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

30 sec • 1 pt

Piweling apa kang bisa didudut saka geguritan ing ngisor iki?

 “RAWA PENING”
(Fanny Kartika Fajriyani)

 

Ngadeg jejeg ing tepining rawa
Suara endah angin krungu ana talinganku
Mecah kasunyian desa tepi rawa
angin kang sumilir
ana ing anatarane godhong-godhong
srengenge abang mbranang
saka kulon katon nyenengake
Nganti tibaning langit peteng

Angin ing kampungku sore iki
Prau-prau nelayan setya nunggoni tekane
diombang-ambingke ombak rawa
prau nelayan nggolek iwak ing padhanging rembulan
Praune katon katiup angin
Nanging nelayan kuwi ora wedi
amarga angin ombak dadi kancane saben dina

Petenge Wengi kang wis sepi nyeyet
Mbulan katon mlaku saka ngetan ke ngulon
Padhang mbulan madangi pelataran
Lintang-lintang katon gumebyar
kang ora kapetung driji
Madhangi Jagat kang uwis sepi

Awake dhewe kudu bisa njaga kaendahaning alam kang diciptakake dening Gusti.

Aja metu nalika tengah wengi.

Kudu bisa gawe bungahing para nelayan kang tansah makarya kanggo panguripan.

Yen golek iwak becike nalika wayah wengi.

Kudu tansah ngupaya amrih becike panguripan.

5.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

30 sec • 1 pt

 “RAWA PENING”
(Fanny Kartika Fajriyani)

 

Ngadeg jejeg ing tepining rawa
Suara endah angin krungu ana talinganku
Mecah kasunyian desa tepi rawa
angin kang sumilir
ana ing anatarane godhong-godhong
srengenge abang mbranang
saka kulon katon nyenengake
Nganti tibaning langit peteng

Angin ing kampungku sore iki
Prau-prau nelayan setya nunggoni tekane
diombang-ambingke ombak rawa
prau nelayan nggolek iwak ing padhanging rembulan
Praune katon katiup angin
Nanging nelayan kuwi ora wedi
amarga angin ombak dadi kancane saben dina

Petenge Wengi kang wis sepi nyeyet
Mbulan katon mlaku saka ngetan ke ngulon
Padhang mbulan madangi pelataran
Lintang-lintang katon gumebyar
kang ora kapetung driji
Madhangi Jagat kang uwis sepi

“srengenge abang mbranang”. Ukara kasebut ing geguritan, nuduhake struktur lair yaiku ….

Tipografi

Imaji

Lelewaning basa

Purwakanthi

Rima