“Wah, kebeneran ngelih-ngelih diajak mangan.” Ngendhika ngono Bapak karo menerake lenggahe. Nalika arep mangan, aku ditawani lawuhe apa. “ Milih sayur lodheh, apa urap?” Budhe nawani aku.
Aku milih ulam sebabe wis suwe ora mangan iwak. Kaya ngapa enake yen weteng ngelih mangane lawuh iwak. Ora let suwe piring isi sega putih kemebul isih panas ketambah sakepel ramban-rambanan wis ana ngarepku. Embuh rambanan godhong apa aku ora ngerti. Aku mung meneng wae karo milang-miling nggoleki lawuh sing jenenge iwak.
Bapak ngendhika, “ Arep njupuk apa?
Aku noleh Bapakku karo matur lirih-lirih,”Pak, ulame pundi?”
Bapakku midhanget aturku mau ngguyu nganti arep keselak banjur ngendhika, “O dadi kowe ora ndang mangan kuwi ngenteni lawuh ulam sing di ngendhikake Budhe mau ta?. Budhemu kuwi mau nawani urap, dudu ulam. Lha, ya ora bakal ketemu. Makane nek diajak ngomong wong tuwa iku, dimirengke sing temen, aja malah dolanan HP.” ngendhikane Bapak. Mbah kakung karo Budhe ngguyu kepingkel-pingkel. Aku isin banget.
Crita pengalaman kasebut ngenani pengalaman pribadhi kang sifate ....