
REMIDI BAHASA JAWA
Authored by Irma Fitriana
World Languages
11th Grade
Used 2+ times

AI Actions
Add similar questions
Adjust reading levels
Convert to real-world scenario
Translate activity
More...
Content View
Student View
20 questions
Show all answers
1.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
20 sec • 5 pts
Wacanen kanthi permati teks drama ing ngisor iki ! Woh Dhondhong lan Woh Duren Tekan omahe simbah, Farhan lan Fakri ngetokake uneg-unege. Fakri : Han, dakkira wong apik, pranyata maling. Dene kang dakarani preman, jebule polisi. Farhan : Iya ya, tibake penampilan iku bisa ngapusi. Simbah : (gumuyu nuli ngendika) ibarate kaya woh dhondhong lan woh duren. Woh dhondhong kulite alus, bareng dicokot rasane kecut, serat-serate kasar, isine malah kebak eri sing njalari klelegen. Dene woh duren kulite kebak eri, nanging bareng dibukak, daginge lembut rasane legi. Mula, watake woh-wohan kuwi ora bisa dibedhek. Semono uga manungsa. Ora pareng pisan-pisan ngarani apik utawa ala yen durung ngerti tenan. Mula, becike kita duwe penampilan kaya woh dhondhong nanging duwe watak kaya woh duren. Farhan, Fakri : Inggih, Mbah. Fakri : Hemmm, nyam . . . nyam . . . nyam . . . dhondhonge enak tenan. Farhan : Durene luwih enak. Legi banget hemmm . . . (nglamuti duren nganti daginge tipis). Simbah : Dhondhong lan duren padha enake. Mung gumantung selerane sing mangan. (karo melu dhahar duren) (Simbah ora kersa dhahar duren amarga wajane wis entek) Alur saka pethikan drama kasebut yaiku alur . . . .
Maju
Mundur
Balik
Flashback
campuran
2.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
20 sec • 5 pts
Woh Dhondhong lan Woh Duren Tekan omahe simbah, Farhan lan Fakri ngetokake uneg-unege. Fakri : Han, dakkira wong apik, pranyata maling. Dene kang dakarani preman, jebule polisi. Farhan : Iya ya, tibake penampilan iku bisa ngapusi. Simbah : (gumuyu nuli ngendika) ibarate kaya woh dhondhong lan woh duren. Woh dhondhong kulite alus, bareng dicokot rasane kecut, serat-serate kasar, isine malah kebak eri sing njalari klelegen. Dene woh duren kulite kebak eri, nanging bareng dibukak, daginge lembut rasane legi. Mula, watake woh-wohan kuwi ora bisa dibedhek. Semono uga manungsa. Ora pareng pisan-pisan ngarani apik utawa ala yen durung ngerti tenan. Mula, becike kita duwe penampilan kaya woh dhondhong nanging duwe watak kaya woh duren. Farhan, Fakri : Inggih, Mbah. Fakri : Hemmm, nyam . . . nyam . . . nyam . . . dhondhonge enak tenan. Farhan : Durene luwih enak. Legi banget hemmm . . . (nglamuti duren nganti daginge tipis). Simbah : Dhondhong lan duren padha enake. Mung gumantung selerane sing mangan. (karo melu dhahar duren) (Simbah ora kersa dhahar duren amarga wajane wis entek) Ing ngisor iki kang kalebu paraga saka crita kasebut yaiku . . . .
Simbah, Farhan lan Ferdi
Farhan, Ferdi, lan Fakri
Farhan, Fakri, lan Simbah
Fakri, Simbah, lan Faisal
Simbah, Faisal, lan Farhan
3.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
10 sec • 2 pts
Wong kang tugase mimpin lan ngatur lumakune carita drama diarani . . . .
Aktor
Paraga
Protagonis
Antagonis
Sutradara
4.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
10 sec • 3 pts
Paraga kang asring muncul sajrone crita diarani paraga . . . .
Panyengkuyung
Utama
Antagonis
Protagonis
Tritagonis
5.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
10 sec • 7 pts
Pagelaran lakon bisa lumaku kanthi lancar lan apik, yen . . . .
Sakabehe pawongan kasangkut ing pagelaran kanthi linambaran rasa seneng.
Sakabehe pawongan melu ngatur pakaryan kanthi linambaran rasa seneng.
Sakabehe pawongan makarya kanthi linambaran rasa seneng lan tanggung jawab.
Sakabehe pawongan melu netepake pakaryan kanthi linambaran rasa seneng.
Sakabehe pawongan melu milih pakaryan kanthi linambaran rasa seneng.
6.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
10 sec • 5 pts
Dumadine prakara kang kudu diadhepi dening para tokoh/paraga, ing struktur teks lakon diarani . . . .
Jejer (orientasi)
Pasulayan (komplikasi)
Pangudhare prakara (resolusi)
Pungkasaning crita (koda)
Owahing crita (revolusi)
7.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
10 sec • 5 pts
Tembang utawa puisi gagrag lawas kang kaiket dening paugeran-paugeran tartamtu, kang dumadi saka guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu diarani . . . .
Macapat
Langgam
Parikan
Sesorah
Geguritan
Access all questions and much more by creating a free account
Create resources
Host any resource
Get auto-graded reports

Continue with Google

Continue with Email

Continue with Classlink

Continue with Clever
or continue with

Microsoft
%20(1).png)
Apple
Others
Already have an account?