Jinising Ukara, Saptawara, lan Pancawara

Jinising Ukara, Saptawara, lan Pancawara

9th Grade

6 Qs

quiz-placeholder

Similar activities

Wangsalan

Wangsalan

9th Grade

10 Qs

Jinising Ukara, Saptawara, lan Pancawara

Jinising Ukara, Saptawara, lan Pancawara

Assessment

Quiz

Others

9th Grade

Easy

Created by

Ahmad Nurhamid

Used 3+ times

FREE Resource

AI

Enhance your content

Add similar questions
Adjust reading levels
Convert to real-world scenario
Translate activity
More...

6 questions

Show all answers

1.

CLASSIFICATION QUESTION

5 mins • 3 pts

Ukara-ukara iki aranana kalebu ukara carita, sambawa, utawa sananta!

Groups:

(a) Ukara Carita

,

(b) Ukara Sambawa

,

(c) Ukara Sananta

Ndang udana ya ben dalane ora bledug.

Ibukota Jawa Tengah iku ana ing Semarang.

Renea wingi-wingi, kowe isih bisa pethuk Pak Dhe. Saiki wonge wis kondur.

Diupahana pira wae aku tetep emoh.

Amarga udan deres tur suwe, wingi kampungku kebanjiran.

Mengko sore jam papat aku mangkat.

Sekolahanku madhep ngalor

Mbesuk yen wis kerja, aku arep tuku motor dhewe.

Aku arep sowan simbah, wis suwe ora mrana.

2.

CLASSIFICATION QUESTION

5 mins • 3 pts

Ukara-ukara iki aranana kalebu ukara pitakon lumrah, retoris, utawa nyoba (mbedheki)!

Groups:

(a) Ukara Pitakon Lumrah

,

(b) Ukara Pitakon Retoris

,

(c) Ukara Pitakon Nyoba

Apa kowe tega nglarani atine wong tuwamu?

Pak Dhe tindak mriki kalih sinten?

Dalemipun Pak Lurah pundi nggih?

Pandhawa sing mbarep iku jenenge sapa?

Apa kowe ora eman karo dhuwitmu?

Kowe arep menyang endi?

Simboke dielus-elus, anake diidak-idak iku apa?

Dhuwit kirimane wong tuwa dienggo mbayar sekolah, malah mbokentekna nggo jajan. Kowe waras?

Papat iku nek dipara setengah, loro apa wolu?

3.

CLASSIFICATION QUESTION

5 mins • 3 pts

Ukara-ukara iki aranana kalebu ukara pakon lumrah, pamenging, pangajak, utawa panantang!

Groups:

(a) Ukara Pakon Lumrah

,

(b) Ukara Pakon Pamenging

,

(c) Ukara Pakon Pangajak

,

(d) Ukara Pakon Panantang

Ndang mrene saiki!

Yen nyata kendel, majua saiki!

Jajan iki aturna Simbah!

Bapak lagi ana tamu, kowe ora pareng ngganggu!

Ayo padha ndonga dhisik, ben slamet tekan Semarang.

Aja lunga menyang Semarang saiki! Bapak lagi gerah.

Jupuka peleme, yen kepengin disengeni sing nduwe!

Sawah iki lagi ditanduri mbako, kowe ora entuk iyak-iyakan neng kene!

Lawang kae tutupen!

Ayo ndang mangkat saiki, kanca-kanca wis ngenteni!

Majua siji-siji, aku ora bakal mundur!

Wis wengi, ayo padha mulih!

4.

CLASSIFICATION QUESTION

5 mins • 3 pts

Ukara-ukara iki aranana kalebu ukara sambawa pengarep-arep, upama, utawa senajan!

Groups:

(a) Pengarep-arep

,

(b) Upama

,

(c) Senajan

Dikandhania bola-bali ya panggah ora nggatek.

Ibu ndang kondura ya, aku wis ngelih.

Digaweknaa sarapan sing enak, aku ya emoh mangkat.

Disangonana aku ya emoh mangkat, wis kadhung mutung.

Dina iki panasa ya, saben dina kok udan, marakna dalane jeblog.

Duwea dhuwit, aku wis tuku tiket mulih wingi-wingi.

Renea wingi-wingi, kowe sih bisa pethuk pak dhemu, saiki pak dhe wis kondur.

Ndang udana ya, ben dalane ora bledug.

Sugiha dhuwit, aku wis mbangun omah, Mbah.

5.

DRAG AND DROP QUESTION

3 mins • 4 pts

Yen ana wong sing seda dina Senin Legi, mula nelung dinane ing malem ​ (a)   , mitung dinane ing malem ​ (b)   ,

matang puluh dinane ing malem ​ (c)   , nyatus ing malem ​ (d)   .

Jemuwah Kliwon
Selasa Kliwon
Minggu Paing
Rebo Pon
Minggu Kliwon
Selasa Legi
Kemis Kliwon
Senin Kliwon

6.

DRAG AND DROP QUESTION

3 mins • 4 pts

Yen ana wong sing seda dina Minggu Pon, mula nelung dinane ing malem ​ (a)   , mitung dinane ing malem ​ (b)   ,

matang puluh dinane ing malem ​ (c)   , nyatus ing malem ​ (d)   .

Kemis Paing
Selasa Kliwon
Setu Wage
Rebo Pon
Minggu Kliwon
Selasa Legi
Kemis Kliwon
Senin Kliwon
Senin Paing

Similar Resources on Wayground