Carita Wayang Pilgan

Carita Wayang Pilgan

1st Grade

6 Qs

quiz-placeholder

Similar activities

BAHASA JAWA 1 SMT 1 HAL 51 -55 GLADHEN 4

BAHASA JAWA 1 SMT 1 HAL 51 -55 GLADHEN 4

1st Grade

10 Qs

BASA JAWA 1 S1 HAL 029 BAB 2

BASA JAWA 1 S1 HAL 029 BAB 2

1st Grade

10 Qs

Basa Jawa (crita wayang)

Basa Jawa (crita wayang)

1st Grade

10 Qs

BASA JAWA 1 S2 HAL 055 PA 3

BASA JAWA 1 S2 HAL 055 PA 3

1st Grade

10 Qs

PH kelas 5 2023

PH kelas 5 2023

1st - 5th Grade

10 Qs

Bahasa Jawa Pandhawa

Bahasa Jawa Pandhawa

1st - 5th Grade

10 Qs

Kuis Siji Loro Telu

Kuis Siji Loro Telu

1st Grade

10 Qs

Bahasa Jawa

Bahasa Jawa

1st - 2nd Grade

10 Qs

Carita Wayang Pilgan

Carita Wayang Pilgan

Assessment

Quiz

Other

1st Grade

Hard

Created by

Riangga Priyo

Used 5+ times

FREE Resource

6 questions

Show all answers

1.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

1 min • 1 pt

Raden Kumbakarna sejatine isih sedulur karo narendra ing Nalengka, ratu agung sing dadi sesembahane para ratu telukane. Ratu kasebut jenenge Prabu Dasamuka ya Prabu Rahwana Raja. Raden Kumbakarna isih kapernah adhi karo Prabu Dasamuka. Cethane, Prabu Dasamuka duwe adhi cacah telu yaiku Sarpakenaka, Kumbakarna, lan sing wuragil yaiku Raden Wibisana.

Ing ngisor iki sing ora kalebu sedulur tunggal bapa karo Raden Kumbakarna adhedhasar pethikan wacan kasebut yaiku .....

Dasamuka

Sarpakenaka

Wibisana

Rahwana

Indrajit

2.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

1 min • 2 pts

Kocap kacarita ing negara Ngalengka ana sawijine satriya sing tansah ngugemi sipat-sipat utama. Satriya kasebut jenenge Raden Kumbakarna, salah sawijine satriya kang awujud raseksa gedhe dhuwur lan gagah prakosa. Sanadyan duwe siyung lan praupane nggegirisi kaya lumrahe raseksa, nanging Raden Kumbakarna tansah ngugemi watak satriya kang utama. Tegese, dheweke tansah ngugemi marang bebener lan lumaku ing dalan kang bener.

Adhedhasar pethikan wacan kasebut Raden Kumbakarnakuwi awujud .....

manungsa

dewa

jim

buta

gendruwo

3.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

1 min • 3 pts

Kumbakarna kepethuk adhine, Raden Wibisana, sing wis dadi balane Prabu Rama. Ing kono Raden Wibisana rumangsa susah atine. Dheweke ngajak Kumbakarna supaya gelem dijak mbela Prabu Rama lan ninggalake Rahwana. Kumbakarna kandha yen anggone perang kuwi ora merga mbelani Rahwana, nanging merga mbelani negarane yaiku Ngalengka. Ing kono Kumbakarna njaluk marang Wibisana supaya dipethukake karo satriya utama sing bisa nyampurnakake dalan patine.

Paraga Kumbakarna ing wacan kasebut watake yaiku …..

jujur

kendel

pinter

jejeg adeg-dege

gaten marang dulur

4.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

1 min • 2 pts

Raden Dewa Brata ya sang Maharsi Bisma kuwi putra pambarepe Prabu Sentanu kang patutan klawaan Dewi Gangga. Sawise Dewi Gangga ninggalake bumi lan bali menyang kayangan, Prabu Sentanu nuli ningkah maneh karo Dewi Durgandini. Karo putri Wiratha kasebut, Prabu Sentanu duwe putra loro yaiku Raden Citranggada lan Wicitrawirya. Raden Dewa Brata ngucapake sumpah ora bakal rabi lan ora bakal dadi raja ing Ngastina, amrih Dewi Durgandini gelem kagarwa dening Prabu Sentanu. Awit saka kuwi, mula nganti sedane ing perang baratayuda, Raden Dewabrata tetep ora duwe garwa.

Pratelan ngenani Maharsi Bisma ing ngisor iki kang ora trep yaiku …..

Bisma duwe dulur tunggal bapa cacah loro, yaiku Raden Citranggada lan Wicitrawirya.

Raden Dewabrata ngucapake sumpah amrih Prabu Sentanu bisa ningkah karo wanita sing ditresnani.

Maharsi Bisma kang duweni jeneng cilik Raden Dewabrata kuwi anake Prabu Sentanu karo dewi Durgandini.

nganti pungkasan uripe, Resi Bisma ora duweni garwa awit saka sumpahe marang Dewi Durgandini.

Resi Bisma ora tau dadi raja ing negara Ngastina.

5.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

1 min • 3 pts

     Dwijakangka ngandhani Prabu Matswapati yen sing ngalahake wadya Ngastina dudu putrane Sang Prabu. Para wadya Ngastina kasil diundurake dening adhine Dwijakangka yaiku Wrehatnala. Krungu kandhane Kangka, Prabu Matswapati ora precaya. Dheweke nesu merga rumangsa yen Kangka wis ngremehake marang anake Sang Prabu. Kangka disawat watu kena pilingane, nganti ngetokake getih. Kangka kang sejatine Prabu Puntadewa sing lagi nyamar kuwi ora males, amung meneng wae. Prabu Matswapati pancen ora ngerteni yen Kangka kuwi sejatine putune dhewe.

Saka pethikan crita kasebut piwulang sing bisa didudut yaiku …..

kita kudu sabar sajrone ngadhepi prakara lan ngati-ngati sajrone nampa kabar.

sakabehe tumindak, ala apa becik, kuwi mesthi ana piwalese ing tembe buri.

aja adigang adigung lan adiguna nalika dadi panguwasa

yen wedi aja wani-wani, yen wani aja wedi-wedi.

jujur sajrone ngandhakake samubarang kuwi kudu nggatekake papan panggonane.

6.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

1 min • 3 pts

Gathutkaca nesu marang pamane, Kalabendana. Dheweke dadi muntab merga ngerteni yen Kalabendana sing njalari Siti Sendari bisa weruh yen Abimanyu arep rabi maneh. Sanadyan wis dikandhani supaya ora kandha marang sapa-sapa, nanging Kalabendana tetep ora bisa. Kalabendana ora bisa ngapusi nalika Siti Sendari takon marang dheweke.

Saka wacan kasebut bisa dingerteni yen paraga Kalabendana kuwi duweni watak …..

bodho

jujur

welas

wicaksana

gampang diapusi