
UASBN BAHASA DAERAH SMPN 2 DAMPIT 2020
Authored by KARNI Br
World Languages
9th Grade
Used 4+ times

AI Actions
Add similar questions
Adjust reading levels
Convert to real-world scenario
Translate activity
More...
Content View
Student View
50 questions
Show all answers
1.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
1 min • 1 pt
Karya sastra kang nggambarake crita panguripan sing dipindhah lan diwujudake ana ing panggung, kanthi kreatifitas panulis teks/naskah, disengkuyung karo paraga-paraga liyane, rupa pacelathon, lan tingkah laku arane . . .
Cerkak
Cerbung
Drama
Drama
2.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
1 min • 1 pt
Pacelathon kang kudu diucapake para paraga, anggone ngucapake kanthi penghayatan slaras karo tokoh sing diperanake, diarani . . .
Dhialog
Prolog
Monolog
Epilog
3.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
1 min • 1 pt
Alur/plot ing drama iku ana sing diarani bebukaning lakon utawa eksposisi, yaiku . . .
Paparan, pitepungan tokoh, papan panggonan, lan swasana crita
Masalah utawa perkara kang wiwit muncul ing antarane kahanan lan peran-peran ing drama
Masalah-masalah sing saya jeru, panas, sengit antarane peran ing lakune crita.
Karampungane crita, nalika kabeh akhire rampung lan penonton padha marem.
4.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
1 min • 1 pt
Crita drama iku bakal narik kawigaten lan ana munpangate yen ana sambung rapete lan bisa dibandhingake kanthi langsung marang kahanan panguripane manungsa. Kang kaya mangkono iku diarani ... .
Intensitas
Budi Pekerti
Komunikatif
Relevansi
5.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
2 mins • 1 pt
Wacanen teks ngisor iki!
Rudi turu ing amben, nglindur jerit-jerit njaluk tulung ibune. Ibune kang lagi saka pawon, kanthi gupuh cepet-cepet nggugah Rudi.
Ibu : Le. . . tangi Le! (karo ngoyak-ngoyak Rudi)
Rudi : Ibu. . . (njerit, kanthi ngos-ngosan) kula ajeng dibakar tiyang Buk.
Ibu : Dibakar apa ta Le? Wong awit mau awakmu turu wae ngono lo.
Rudi : Dadi aku mau mung nglindur Buk? (bungah)
Alhamdulillah . . .(ngrangkul ibune)
. Pethikan teks drama ing dhuwur yen katitik saka struktur teks klebu perangane . . .
Ending
Klimaks
eksposisi
Komplikasi
6.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
2 mins • 1 pt
Wacanen teks ngisor iki!
Badri mlaku alon-alon kanthi ngelamun ing trotoar. Koran saktumpuk digendhong ing
pundhake durung ana sing payu. Dina iku ora kaya padatan, panase nylomot bunbunan
nganti gosong. Raine rada gosong, gulune asat, ngelak lan luwe. Swara kendharaan ing
prapatan pasar Manukan iku gemrubug nambahi ati susah.
. Paragraf ing dhuwur miturut struktur teks drama klebu perangane . . .
Komplikasi
Klimaks
Eksposisi
Ending
7.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
2 mins • 1 pt
Wacanen teks ngisor iki!
Sudra (mlaku inik-inik saka buri arep ngagetake Badri kang isih nglamun banjur
nggepuk pundhake) “Weh . . .mikir apa ta Dri kowe kuwi? Ora apik lo wong mlaku karo
nglamun kuwi. Bisa njalari cilaka”.
Badri : Jambret!!! Kaaaaaaget aku, le!
Sudra : Huuaaahaha . . . !!!
Badri : Heh.. Aja kok baleni maneh ya!! Gawe kaget aku. He, iki mau kowe teka
ngendi?Apa wis mangan esuk iki mau?
Sudra : Aku?. . . Durung, Dri. Aku mau wis mlaku mubeng-mubeng wiwit saka terminal, ngalor Tandhes, terus ngidul nganti tekan kene. Setorane koran durung cukup nggo tuku mangan. Aku ora wani tuku sarapan dhisik, jane no
wetengku iki ya wis luwe banget, nanging ya kudu takempet, lha arep piye maneh?”
Pethikan teks drama ing dhuwur yen katitik saka struktur teks klebu perangane . . .
Resolusi
Klimaks
Eksposisi
Komplikasi
Access all questions and much more by creating a free account
Create resources
Host any resource
Get auto-graded reports

Continue with Google

Continue with Email

Continue with Classlink

Continue with Clever
or continue with

Microsoft
%20(1).png)
Apple
Others
Already have an account?