
TUGAS BHS JAWA KLS 8
Quiz
•
Other, World Languages
•
8th Grade
•
Hard

mulatuti tuti
Used 1+ times
FREE Resource
Enhance your content
50 questions
Show all answers
1.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
2 mins • 1 pt
Peksi Jatayu
Rajaning peksi menika asmanipun Jatayu. Piyambakipun dados mitra kenthelipun Raja Dasarata. Nalika sumerep bilih putra saking mitranipun dipuncidra dening Rahwana, Jatayu enggal-enggal paring tetulung. Kreta kencana dipuntrajang kemawon lajeng Sinta dipun rebat. Nanging Rahwana nggegegi, boten nguwalaken, dedreg udreg-udregan, rebatan Sinta wonten ing gegana. Eman, dene Jatayu kalindhih, dipuntatoni saha dipunajar dening Rahwana. Salah satunggaling swiwi sengkleh tugel. Taksih megap-megap dipuntendhang, kumleyang ing awang-awang. Lajeng dhawah ing siti klebekan.
Laju lampahing kretanipun Rahwana nggondhol Sinta. Badanipun Sinta lungkrah boten kanten-kantenan dipunceneng-ceneng kangge rebatan. Sakedhap-sakedhap polah nedya uwal nanging tetep kasikep dening Rahwana ingkang linambaran raos nepsu lan kasmaran dhateng Sinta. Sinta namung saged nangis sesenggukan. Sekar cundhuk, gelang tuwin kalungipun sami dhawah pating kececer. Sinten kemawon boten tegel menawi sumerep kawontenan saha polahipun menapa dene mireng tangis pisambatipun Sinta. Nanging raos menika boten dipungadhahi dening Rahwana.
Dumugi ing Nagari Alengka, Sinta dipunsumerepi kaendahaning kraton, prabot ingkang sakalangkung edi peni, mawarni-warni rerenggan, mas, intan, lan barleyan. Nanging sedaya kala wau boten dipun rewes dening Sinta. Rahwana pengin supados Sinta menika purun dados garwanipun. Pepenginan menika boten dipungugu, Sinta malah cariyos bilih taksih piyambakipun taksih enget lan tansah setya dhateng Rama.
Mireng mekaten, Rahwana muntab nesunipun lajeng paring prentah dhateng raseksi ingkang galak ndrawasi supados njagi Sinta. Wonten ing wana, Rama kaliyan Lesmana kaget amarga nalika kondur saking beburu kidang kencana boten sumerep Sinta. Rama manggihi sekar cundhuk tuwin saperanganing anggen-anggenipun Sinta manika sami pating kececer. Rama duka sanget amarga mangertosi bilih sejatosipun Sinta sampun dipunpundhung utawi dipunculik.
Rama kaliyan Lesmana lajeng madosi Sinta ngantos dumugi wonten ing panggenanipun Jatayu menika taksih sekarat. Jatayu lajeng nyariosaken lelampahanipun Sinta ingkang dipunplayokaken dening Rahwana. Sasampunipun paring pitudhuh marang Rama, Jatayu nemahi seda. Raganipun Jatayu lajeng dipunkremasi dening Rama kaliyan Lesmana. Tiyang kalih wau lajeng njujug lakunipun Rahwana ngantos dumugi ing Alengka.Wonten ing Alengka, Rama bungah amarga saged manggihi Sinta kanthi boten kirang setunggal menapa. Tiyang tetiganipun lajeng budhal saking negari Alengka kanthi slamet.
(Nita Yulinawati.blogspot.com)
Rajaning peksi menika asmanipun ….
Rama
Sinta
Jatayu
Lesmana
2.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
2 mins • 1 pt
Jatayu enggal-enggal paring tetulung amargi ….
sumerep putra saking mitranipun dipuncidra dening Rahwana
badanipun Sinta dipunceneng-ceneng kangge rebatan
Rahwana nggegegi, boten nguwalaken Dewi Sinta
Rama kaliyan Lesmana lajeng madosi Sinta
3.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
2 mins • 1 pt
Sinten kemawon boten tegel menawi sumerep kawontenanipun Sinta amargi ….
Rahwana pengin supados Sinta menika boten purun dados garwanipun
sejatosipun Sinta sampun dipunpundhung utawi dipunculik dening Rahwana
dipunsumerepi kaendahaning kraton, prabot ingkang edi peni, mawarni-warni
Sinta sesenggukan, sekar cundhuk, gelang tuwin kalungipun sami dhawah pating kececer
4.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
2 mins • 1 pt
Dumugi ing Nagari Alengka, Sinta dipunsumerepi ….
mawarni-warni rerenggan, tembaga, mas, intan, lan barleyan
kaendahaning kraton, prabot ingkang sakalangkung edi peni
sekar cundhuk tuwin saperanganing anggen-anggenipun
Jatayu kalindhih salah satunggaling swiwi sengkleh tugel
5.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
2 mins • 1 pt
Wonten ing wana, Rama kaliyan Lesmana kaget amargi ....
Jatayu nyariosaken lampahanipun Sinta dipunplayokaken dening Rahwana
nalika kondur saking beburu kidang kencana boten sumerep Sinta
laju lampahing kretanipun Rahwana nggondhol Sinta
Rahwana nggegegi, boten nguwalaken Dewi Sinta
6.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
2 mins • 1 pt
Piwulang Serat Wulangreh Pupuh Kinanthi:
Padha gulangen ing kalbu,
ing sasmita amrih lantip,
aja pijer mangan nendra,
kaprawiran den kaesthi,
pesunen sariranira,
sudanen dhahar lan guling.
Dadiya lakuniraku,
cegah dhahar lawan guling,
lawan aja sukan-sukan,
anganggowa sawatawis,
ala watake wongsuka,
nyuda prayitnaning batin.
Yen wus tinitah wong agung,
ywa sira gumunggung dhiri,
aja nyelakaken wong ala,
kang ala laku nireki,
nora wurung ngajak-ajak,
satemah anenulari
Nadyan asor wijilipun,
yen kelakuwane becik,
utawa sugih cerita,
carita kang dadimisil,
iku pantes raketana,
darapon mundhak kang budi.
Piwulang Serat Wulangreh pupuh Kinanthi ing dhuwur dumadi saka … pada.
1
2
3
4
7.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
2 mins • 1 pt
Saben sapada tembang Kinanthi iku dumadi saka … gatra.
5
6
7
8
Create a free account and access millions of resources
Create resources
Host any resource
Get auto-graded reports

Continue with Google

Continue with Email

Continue with Classlink

Continue with Clever
or continue with

Microsoft
%20(1).png)
Apple

Others
By signing up, you agree to our Terms of Service & Privacy Policy
Already have an account?
Similar Resources on Wayground
50 questions
TEST AWAL 8
Quiz
•
8th Grade
50 questions
STS BAHASA JAWA GANJIL 20242025
Quiz
•
6th Grade - University
45 questions
8th Grade Orchestra Review
Quiz
•
8th Grade
45 questions
Tener, Venir, and Tener Expressions
Quiz
•
6th Grade - Professio...
48 questions
conjugation verbos AR
Quiz
•
8th Grade
50 questions
Quiz types et formes de phrases
Quiz
•
8th Grade
52 questions
To-infinitive / V-ing
Quiz
•
5th - 9th Grade
45 questions
ULANGAN HARIAN BAHASA JAWA GANJIL
Quiz
•
1st Grade - University
Popular Resources on Wayground
20 questions
Brand Labels
Quiz
•
5th - 12th Grade
10 questions
Ice Breaker Trivia: Food from Around the World
Quiz
•
3rd - 12th Grade
25 questions
Multiplication Facts
Quiz
•
5th Grade
20 questions
ELA Advisory Review
Quiz
•
7th Grade
15 questions
Subtracting Integers
Quiz
•
7th Grade
22 questions
Adding Integers
Quiz
•
6th Grade
10 questions
Multiplication and Division Unknowns
Quiz
•
3rd Grade
10 questions
Exploring Digital Citizenship Essentials
Interactive video
•
6th - 10th Grade
Discover more resources for Other
10 questions
Exploring National Hispanic Heritage Month Facts
Interactive video
•
6th - 10th Grade
21 questions
Realidades 1A
Quiz
•
7th - 8th Grade
20 questions
Definite and Indefinite Articles in Spanish (Avancemos)
Quiz
•
8th Grade - University
20 questions
Spanish Speaking Countries & Capitals
Quiz
•
7th - 8th Grade
20 questions
Partes de la casa-objetos
Quiz
•
6th - 8th Grade
20 questions
Present Tense (regular)
Quiz
•
6th - 12th Grade
21 questions
Spanish Speaking Countries and Capitals
Quiz
•
7th - 12th Grade
20 questions
Affirmative and Negative Words
Quiz
•
8th Grade